Ads Top

Wong Jowo (Versi Rondo Kempling)

Puisi kontemplasi jawa

DAULATANI - Agustus 2016 berbagai instansi pemerintahan menampakkan dengan terang terangan ketidak fair_annya terhadap kasus yang ada di surokonto wetan. Terlebih pada saat adanya intimidasi dari pihak terkait.  Perlawanan warga dengan cara cara Yang masih mentaati hukum sudah banyak di lakukan, bahkan sampai saat inipun masih mentaatinya. Namun begitulah Negara Indonesia, dari pejabat lokal hingga internasional tidak sedikit yang bermain curang, menghalalkan segala cara.


Lagu ini di nyanyikan para warga di saat/setiap mengawal sidang di PN kendal dengan semangatnya bersholawatan.

Berharap dengan lagu ini, kritikan, sindiran, bahkan nasihat yang terkandung di dalamnya dapat dijadikan pembelajaran, pembuka jalan kebenaran, pengingat, nasehat bagi mereka.


Diciptakan oleh tersangka, terdakwa sekaligus tervonis Kyai Nur Aziz pada pertengahan Agustus 2016.


W O N G   J O W O
(Versi Rondo Kempling)

Wong jowo rakeno ninggal jawane
Sopan santun unggah ungguh lan liyone
Wong jowo rakeno ninggal jawane
Kajen karinan ing tembe mburine

Wong tani rakeno ninggal tanine
Macul ngrumput gawean saben dinone
Wong tani rakeno ninggal tanine
Supoyo ra luwe bojo anak keturunane

Pak lurah rakeno ninggal rakyate
Eleng janji naliko arep nyalone
Tepat ing janji bakal duwur wekasane
Ingkar ing janji bakal asor mburine

Wartawan ojo ninggal wertone
Werto apik utowo elek disampekke
Ojo mung anut marang wong akeh duwite
Wertone rakyat yo ojo di upetake

Seniman rakeno ninggal senine
Rino wengi mung gawe seneng liyone
Ra tau susah mikir ekonomine
Sing penting hasil opo kang dadi sejane

Pak polisi dadi alate negoro
Ojo dadi alate wong nduwe dunyo
Sopo sing salah yo kudu di salahno
Ugo seng bener yo kudu dibenerno

Pak polisi dadi alate negoro
Kang nggaji.. Rakyat sak nuswantoro
Ojo nduwe sifat adigangadingung adiguno
Supoyo rakyate urip tentrem lan mulyo

Pengusaha jo dumeh akeh duwite
Kudu mikir nasib rakyat kang ora nduwe
Ojo mung mikir sing penting akeh untunge
Dampak lingkungan yo kudu dipikirake

koruptor dadi penjahate negoro
Gawe rakyatkabeh podo sengsoro
Opo siro ora eleng iku doso
Ing akhire bakal nyandang sengsoro

DPR Kang dadi wakile rakyat
Awit mlarat nganti dadi konglomerat
Kabeh seng di enggo kuwi seko rakyat
Yen ora amanat akhire bakal dilaknat..

Pak jaksa ingkang arif wicaksono
Dadi wakile pengeran ning alam dunyo
Ngadili kabeh perkoro kang ono
Melasono rakyat cilik kang sengsoro

Pak hakim iling marang sumpah janjine
Negak ake hukum supoyo jejek negorone
Ra mandang wong sugih pangkat utowo ora nduwe
Tanggung jawab awit ndunyo tekan akhirate

No comments: